Sabtu, 31 Juli 2010

RIWAYAT KANJENG PANEMBAHAN BODHO

Kajeng Panembahan Bodho kagungan pusoko asmo asli Raden Trenggono.
Miturut silsilah sejarah,Raden Trenggono taksih trah darah Prabu Browijoyo, kalebet buyut saking Raden Aryo Damar ingkang Jumeneng Adipati Palembang putro Prabu Browijoyo, injih rojo Majapahit.

Raden Aryodamar utawi Adipati Palembang, kaparingan putro kalih cacahipun.
Kekalihipun kakung, mijil saking garwo ingkang asesilih Dorowati Murdaningsih ingkang ugi kasebat Puteri Doro Pethak.
Wiondene Putro kekalih kolo wau pun paringi asmo Raden Kasan soho Raden Kusen.
Raden Kasan meniko ingkang samangke kawentar minongko Raden patah , sultan wonten Demak, lan sak meniko sumare wonten ing Demak.
Wondene Raden Kusen jumeneng minongko Adipati Terung kaping I
Ingkang ugi kasebat Adipati Pecatondo.

Lengseripun Adipati Terung I, kagantos Adipatri Terung kaping II, ingkang saklajengipun peputro Raden Trenggono, injih ingkang kasebat Kanjeng Panembahan Bodho.

Ing naliko taksih mudho, Raden Trenggono, dados nem-neman ingkan bagus, gagah pidekso.
Wonten satunggaling dinten Raden Trenggono tindak-tindah nitih kudo. Wonten saktengahing mergi papakan kaliyan pawongan sepuh. Pawongan sepuh kolowau ngendiko sajak nyemoni : ” Menowo gagah yo gagah, ganteng yo ngganteng, cahyaning murub abang, ananging amung koyo kembang worawari ”

Pangandikan kolo wau mengku teges; bagus, ngganteng ,gagah perwiraning diri, tanpo guno menawi mboten kaginakaaken berjuang kagem sesami soho kangge bongso lan negari. Bebasan kadyo kembang worawari, ingkang resep, endah lan asri, ananging tanpo nyebar gondo wangi.

Midanget pangandikan kolowau, Raden Trenggono duko yayah sinipi. Piyambakipun rumaos dipun ino soho dipun remeh aken.
Raden Trenggono mlajar ngluru pawongan sepuh kolo wau. Ananging dasar pawongan ingkang sekti mondroguno, blass tanpo tilas, ilang sak naliko.
Kadadosan meniko andadosaken Raden Trenggono mboten jenjem penggalihipun, sawetawis mawas diri, metani sedoyo tindak lampahipun. Pasemonan pawongan sepuh kolowau hanamung sak klimah ananging rumaos tumunjem wonten saklebeting ati,

Ing saklajengipun Raden trenggono tindak ngupadi pawongan sepuh kolo wau, kanthi niat badhe anggegulang ngelmi.

Pungkasanipun Raden Trenggono saged pinanggih wonten saklebeting wono. Atur sembah sungkem soho niat nggegulang ilmi kakaturaken.
Kanyatan pawongan sepuh kolo wau mboten sanes Kanjeng Sunan Kalijogo utawi Sunan Qodli

Raden Trenggono gadah niat badhe ndarmo betek aken jiwo rogo soho kepinteranuipun dateng sesami. Angawiti gegayuhan meniko, piyambak ipun dados santri lan ngabdi dumateng Ki Ageng Gribig ing Jatinom Klaten.

Keranten lantipipun, raden Trenggono enggal saged buntas sakehing ngelmi agami. Ing pungkasanipun, malah kapundhut putro mantu Ki Ageng Gribig, kapikantuk aken aken kaliyan putrinipun ingkang asesilih Putri Kedupayung.
Saking garwo meniko mijil putro kalih inggih Raden Cokrowesi soho Raden Surosekti.

Perjuangannipun Raden Trenggono ing babagan siar agami Islam, kanyatan pikantuk panyengkuyung saking poro kawulo. Kabukten soyo dangu soyo kathah santrinipun, saenggo saget ambabar papan-papan pangibadahan.

Kados bopo gurunipun, injih poro wali,
Raden Trenggono nindak aken syiar agami mboten nate cengkah kaliyan tradisi budoyo jawi ingkan tansah dipun pepetri. Malah tradisi ingkang sampun lumampah kadodasken sarono kangge siar agami.

Kathah papan-papan pangibadahan ingkang saget kababar,
Kadosto, wonten ing Sedondong Nanggulan kulon Progo.
Ugi wonten Kauman Wiijirejo, ingkang arupi masjid, ingkang sakmeniko pun paringi asmo Masjid Peninggalan Kanjeng Panembahan Bodho ”Masjid Sabiilurrosyaad kauman”

Masjid Syabilurrosyaad Kauman, mapan wonten Dusun Kauman kalurahan Wijirejo , watawis 1,5 km saking papan meniko. Ngantos wekdal meniko tansah kauri-uri deening poro jamaah. Sinaoso sampun pundandosi serambinipun, ananging taksih kathah peninggalan ingkang taksih asli, umpaminipun, bangunan induk masjid, mustoko, sumur, watu gilang lan sanes-sanesipun.

Raden Trenggono dados ulama, injih pendekaring siar agami islam wonten ing kukuban Kauman Pijenan kirang langkung 20 tahun.
Ing Naliko semanten wonten utusan saking ingkang Romo, injih Adipati Terung I. Keng Romo ngersak aken Raden Trenggono enggal kondur.
Ingkang sak mangke kasuwun nggantos kelenggahan adipati. Ananging raden Trenggono mboten saget minangkani dawuhipun ingkang romo.

Piyambak ipun sampun rumaos mantep lan tentrem ayem dados ulama lenggah wonten kukuban Kauman Pijienan. Sanes drajat, pangkat semat ingkang pun udi, ananging hanamung katentreman ati. Anengenaken kebetahaning sesami soho nilraken kabetahan diri pribadi.

Amargi mboten kerso mukti nglenggahi Adipati meniko kolo wau, lajeng pun kathah tiyang amastani Bodho utawi Ki Bodho.

Wonten riwayat sanes nyebataken,
Ing naliko semanten, wonten kabar menawi tanah jawi badhe kedatengan mengsah saking monco negari, injih bongso Portugis.
Raden Trenggono sak konco samekto perang ngadepi mengsah. Kanthi mbangun pos penjagaan wonten kukuban Pantai selatan.
Swanten jlegar-jlegur ingkang pun wastani suwanten meriem, kanyatan anamung swanten ombak laut pantai selatan. Nyumerepi kadadosan kolowau Kanjeng Sunan kalijogo, mastani raden Trenggono taksih Bodho utawi lajeng kasebat Ki Bodho.

Pangandikan sanes, ngriwayataken Raden Trenggono minongka pawongan ingkang gadah kapribaden lembah manah, andhap asor.
Tebih saking gumedhe , kumalungkung, riyak utawi sombong.
Sinaoso sejatosipun piyambak ipun lantip, saget inga samudayanipun, krono andap asoripun nampi sesebutan Kanjeng Panembahan Bodho.

Poro Kadang sutresno, ingkang tansah memetri buidoyo jawi............
Kanjeng Panembahan Bodho utawi raden Trenggono sedo wonten ing tahun 1600 Masehi. Kasarek aken wonten papan meniko injih Pasarean Makam Sewu Wijirejo Pandak.

Ngantos wekdal sakmeniko dados papan pemakaman umum. Mboten dangu sedanipun Kanjeng panembahan Bodho, garwo inghkang kaping kalih, ingkang asmo Nyai Brintik , puteri Raden Santri saking Gunung Pring Muntilan sedo.

Ing sedyo badhe kasarek aken ugi wonten Pasarean Makam Sewu, ananging naliko semanten kali Bedog nembe beno utawi banjir. Pungkasanipun kasarekaken wonten Makasn Karang benyo, sisih kidul kali Bedog, watawis setengah kilo meter saking papan meniko.

Ngantos dumugi wekdal sakmeniko, Pasarean Makam Sewu tansah karawuhan kathah sederek malah saking njaban kitho. Ingkang saperlu nderek ziarah. Linangkung wonten ing saben-saben malem jumat kliwon soho malem seloso kliwon.


PRALAMPITO SESAJI NYADRAN MAKAM SEWU

1.Tumpeng , kadamel saking sekul ingkang mawujud lancip ing inggilipun. Minongko pralampita satunggaling penyuwunan soho panganjeng-ajeng , mugi sedoyo donga ,panyuwunan pangapunten saget kinabulan saking gusti ingkang murbehing dumadi.

2. Sekul Wuduk utawi sekul gurih kasebat ugi sekul rosul.
Kadamel saking sekul kacampur santen, uyah soho ujungan salam.
Minongko pralambang panyuwunan keslametan, dumateng rosul,garwo ,sohabat soho ingkang poro sederek ingkang sami rawuh.

3. ugi wonten Ingkung ayam, minongko pralampito, manungso minongko titah ingkang sarwo ringkih. Ing naliko taksih bayi minongko titah ingakang tasih suci.
Ingkung ugi minongko pralampito, minongko tondho kepasrahan
Dumateng ingkang moho kuwoso. Menawi sampun tinambalan
Mboten saget suwolo.

4.Wonten Ketan, kolak , apem.
-Ketan : saking tembung Khotan, ingkang artosipun Kelepatan

-Kolak : saking tembung Qola, artosipun pangandikan

-Apem : saking tembung Aqowam, ingkang mowo teges pangapunten utawi ampunan.

Saenggo :Ketan,Kolak apem , mowo teges soho pangajeng-ajeng menawi manungso kagungan kalepatan injih saking pangandikan soho solah bowo enggalo nyuwun pangapunten

5.Jajan pasar, injih meniko, dedaharan manekowarni saking peken. Minongko pralampito, raos syukur dumateng gusti ingkang moho wikan, kacehno paring berkah bumi ingkag subur makmur saenggo saget ngasilaken asil tetanen ingkang kathah soho maneka warni.

6.Sekar mawar, melathi lan ugi sekar kenongo. Minongko pralambang donga ingkang kawios ing lathi minongko donga ingkang tulus lan suci.

7.wonten pisang rojo, minongko pangajeng-ajeng wonten dinten samangke dadoso keluargo ingkang bejo ,mulyo kados rojo.

10 komentar:

  1. Pak Edy, saya sangat tertarik dengan sarasilah Panembahan Bodho....kalau tidak keberatan boleh saya minta referensi mengenai sejarah Panembahan Bodho?
    terima kasih

    BalasHapus
  2. Silahkan datang kerumah, atau bisa saya pertemukan penulis buku aslinya. telepopn dulu (0274)7415832

    BalasHapus
  3. punten,
    wonten data mboten nggeh Adipati Terung II meniko sinten Pak?? Asma Timuripun...

    BalasHapus
  4. Dulu....menurut cerita kakek saya.Kakek saya adalah cicit dari panembahan Bodo dan Nyai Brintik.
    Dulu kakek saya berasal dari daerah Pandak....di dekat rumahnya ada dua sendang..tapi saya lupa nama sendang itu.
    Kakek saya sudah meninggal 38 tahun yg lalu.
    Saya pingin tau silsilah dari panembahan Bodo dan Nyai Brintik.
    Terima kasih

    BalasHapus
  5. istri saya salah satu dari trah panembahann bodho dari jalur kidemang joyopertomo.simbah canggah belio jasi istri saya dari buyut joyo satra.yang ingin saya tanyakan sisillah dari panembahan bodo awit buku nipun kulo tanyakan dereng kepangeh

    sembah suwun

    sanjoyo

    BalasHapus
  6. Assalammualaikum wr wb.
    Pak saya mau tanya silsilah tentang panembahan bodho. Saya dari dulu sedang mencari silsilah keluarga saya. Kakek buyut saya bernama Raden Purori atau disebut mbah kismoredjo beliau menikah dengan mbah bawuk dan lari ke baturetno wonogiri. Saya ingin tau silsilah nya. Karena jasad beliau ada di situ.

    BalasHapus
  7. Niki kulo ngangkring wonten makam sewu...trus googling sejarah panembahan bodho. eh..kok jebul e blog e njenengan to pak Edy,hehehe.

    BalasHapus
  8. Kayaknya yg komen²² disini para keturunan panembahan bodo....mungkin saya jg dr salah satunya...kakek buyut saya bernama Mbah hasaniman yg jg menurut silsilah masih cicit panembahan bodo,Mbah hasaniman yg makamnya sekarang berada dibacem sutojayan Blitar.🙏🙏🙏

    BalasHapus
  9. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus